Kamis, 04 Agustus 2011

Wahyu Agung Pembebas Jagat

Sastra Jendra Hayuningrat
Werdining Sastra Jendra Puniki
Sastra Ngelmu Jendra Gung Bawana
Ya Ngelmu Sangkan Parane
Ngelmu Sajati Tuhu
Pituduh Nyata Guru Jati
Lakune Hastha Sila
Ngambah Dalan Hayu
Nyingkiri Kabeh Paliwara
Dadia Hayune Bawana Sayekti
nTuk Nugrahaning Suksma


Lakune Hastha Sila Puniki
Tarlen Saking Netepi Trisila
Kapindho Pancasilane
Trisila Tegesipun