Selasa, 03 Agustus 2010

Lhah ing kana to wau.. Kocap kacarita doh ginawe cerak, cerak ginawe adoh.. Padha ceritane nanging beda pangucapane... Menika to wau pawujudane Raden Gathotkaca, yo Tetuka. Gagah pidegsa... Otot kawat balung wesi sumsum gegala. Ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurendo.... Driji gunting, sikut paju,, sikil pacul,, jempolane pangot,,, rambute bendrat,,, mangkana to wau blegere wong agung ing Pringgondani....Kabeh blegere awujud gaman sekti paringaning Jawata.. Eling-eling anak Bima, sekti mandraguna hangagem Caping Basunanda, Kutang Antrakusuma miwah Trumpah Pada Kacermo.. Yen to maju perang si Tetuka datan kena nggawa gaman...

Yen nekat nggawa sirna ilang kabeh daya kekuwatane. Apa to daya kakuwatane hagemanipun???? Caping Basunanda adamel sang Tetuka yen udan ora kodanan yen panas ora kepanasen... Dene Kutang Antrakusuma kang mapan ing sakjabane daging saknjeroning kulit adamel sang Gathotkaca bisa mlethik tanpo sutang miber ing ngawiyat.

Dene Trumpah Pada Kacermo peparing dalem Sang Hyuang Anantaboga yo dewaning para taksaka.. Dene daya kekiyatane adamel racun bisa tawa tawar, ambles ing saknjeroning pratala...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar