PANGKAS RIKMA Titi laksana salajengipun nun inggih ingkang bapa, nenggih Bapak Susilo arsa mangkas rikmanipun ingkang putra. Bapak Susilo : … Pangkas rikma pinandha mok, tinampi dening ingksng ibu menggih Ibu Susilo. Mugi risang ahayu saged nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita ing pangkas rikma nenggih wiwit samenika risang ahayu sawega saha samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa nenggih Bagus Hari Saputra. UPACARA NGERIK
Upacara Ngerik Mekaten kalawau menggah tumapaking adicara jamas pasiramancalon penganten putri. Bapak Ibu Susilo saestu ngaturaken agunging panuwun dhumaten para kasepuhan saha pinisepuh ingkang sampun kepareng paring pangestu kanthi paring siraman dhumateng risang calon penganten putri. Mugi luhuring budi panjenengan pinaringan lelintu mring Gusti Kang Mahayu. Risang penganten putri tumuli kakanthi ing sasana paniji saperlu nindakaken adicara salajengipun nun inggih upacara ngerik. Dhumatheng para tamu kepareng wawan pangandikan, langen suka, sinambi ngunjuk saha dhahar nyamikan ingkang sampun kaladosaken mring para kadang kaneman, sumangga! TANEM RIKMA Kawuryan Bapak-Ibu Susilo sampun mijil saking wisma arsa tumuju wonten pundi dumununging papan ingkang kangge hananem rikma. Pundi dununging papan minangka hananem rikma, nunggih wonten ing palataran wiwaraning gapura ingkang sisih kiwa. Kawuryan sampun sawega, ingkang ibu sarwi ngunandika, Ibu Susilo : ….. Goteking kandha, ujaring bakul sinambi wara, bilih papan ingkang minangka sasana pananeming rikma bisa kanggo tamba kangen. Benjing kalamun ingkang sampun palakrama temtu badhe uwal saking pangkoning bapa miwah ibu, bawa priyangga mandhireng pribadi, mapan wonten ing wisma priang gesang mulya kalyan ingkang garwa. Pepisahan mekaten sawanci-wanci saged nuwuhaken raos kapang ing wadaya. Nalika raos kapang datan bisa sinayudan, ingkang bapak miwah ibu cekap mriksani papan ingkang kanggenanem rikmanipun putra calon penganten, satemah raos kapang saged ical musna, anane mung rasa suka lan bombong mring uripe putranipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar