Selasa, 19 April 2011

Ngengrengan Kegiyatan Seminar Tesis

Ingkang Kinurmatan Bapak/Ibu Mahasiswa PBSJ Pascasarjana UNS

Menika kaaturaken bab-bab ingkang wigatos ingkang magepokan kaliyan mata kuliah Seminar Tesis. Prelu kulo aturaken bilih seminar Tesis kedah kita rembag sesarengan kanthi sae, ing pangajab sedaya saged manunggal ing damel saha lancar samudayanipun. Bab-bab ing ngandhap menika prelu dipunrembag ing pepanggihan Senin ngajeng supados sedaya saged sami sarujuk.

1. Mahasiswa ingkang kadawuhan ngaturaken seminar proposalipun dipunatur kanthi urutan ingkang sampun kulo bage. Dene ingkang dereng siap saged lintu dhumateng sedherek sanesipun ingkang kersa lelintonan. Babagan menika asipat fleksibel kemawon, ingkang baken kedah lapur menawi lintu utawi dereng saged.

2. Supados saged gampil anggenipun caos panyaruwe saha pamanggih dhateng proposal mahasiswa ing seminar, proposal kedah dipun kempalaken seminggu sakderengipun majeng seminar. Ancasipun saged dipun copy dening kanca panitia kecil (panitia menika ingkang ngurus sedaya kebetahan seminar) saha saged kabage dhateng kanca sanesipun. Kanthi menika kaajab proposal saged dipun waos para kanca saengga saged dados proposal ingkang sae saksampunipun dipunparingi panyaruwe.

3. Panitia kecil ingkang kasebat ing nomer 2, kadhapuk kanthi pirembagan Senin ngajeng.

4. Arta gentos fotokopi dipun sanggi piyambak-piyambak. Mahasiswa kedah maringi arta paling sekedhik Rp20.000,00 dhateng panitia kangge gentos fotokopi, menawi tirah badhe kawangsulaken dene menawi kirang kedah nambah sanes wekdal.

5. Supados gampil, sayuk saha kompak, pasugatan seminar dipunsanggi sesarengan. Panitia kecil ingkang badhe ngatur babagan menika. Dene pilihan menu dhaharan kaaturaken ngengrengan makaten:

a. Menawi sedaya (kagem dhosen menapa kangge mahasiswa) awujud kudapan, saben mahasiswa urun Rp. 65.000,00
b. Menawi mahasiswa tedhan, dhosen dhaharan saha kudapan, saben mahasiswa urun Rp120.000,00
c. Menawi mahasiswa namung kudapan, dhosen dhaharan saha kudapan, saben mahasiswa urun Rp87.000,00
d. Menawi sedaya (dhosen kaliyan mahasiswa) dhaharan ageng, saben mahasiswa urun Rp87.000,00
e. Menawi sedaya (dhosen kaliyan mahasiswa) dhaharan saha kudapan, saben mahasiswa urun Rp152.000,00

Sumangga samangkih karembag, Panjenengan kantun milih menu ingkang pundi. Sedaya menika kaetang kanthi kasar (dhahar ageng dipun aosi Rp8.000,00 menawi kudapan Rp6.000,00). Kaetang kanthi gunggung sedaya peserta seminar 31 tiyang (mahasiswa+dhosen) lajeng 8 dinten seminaripun (saben pepanggihan 3 mahasiswa). Petangan menika fleksibel saged karembag malih.

Makaten ngengrengan kegiyatan seminar tesis ingkang karembag sawetawis kanca mahasiswa. Kulo nembe nyuwun pamanggih sawetawis sedherek, saengga sedaya kala wau kantun nengga palilah sedherek sedaya. Kulo suwun Senin ngajeng saged paring pamanggih saha panyaruwe. Dene daftar urutan kulo acak ing ngandhap menika. Nuwun.

I. Arief Rahmawan, Totok Yasmiran, Djoko Sulaksono
II. Alfiah, Fajar Fitri, Sapto Sunarso
III. Aris H., Gunadi (B), Nita Rohmayani
IV. Siti Rochani, Trias Kamanindhita, Gunadi (A)
V. Danar Setiawan, Christina H., Anis Taflihiyah
VI. Krisna P., Septi Indriyani, Ageng Nugraheni
VII. Wahyu Tri W., Mustofa Mahendra, Kurniasih Fajarwati,
VIII. Siti Yeni, Sri Kustinah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar