Jumat, 10 Juni 2011

Upacara Panggih ( Tampa Kaya, Dhahar Klimah, Ngonjuk Toya Wening)


                Risang penganten sarimbit sampunlenggah ing sasana rinengga. Kepareng para tamu lenggah wonten sasana sakawit,matur nuwun awit sampun suka pakurmatan dhumateng panggihing pengantensarimbit. Tumuli badhe katindakaken adicara adat, tampa kaya, wus jumenengrisang abagus ngasta pirantining kacur-kucur, tampa kaya. Kyai Ambar Sejatibadhe maringaken kaya dhumateng Nyai Ambar Sejati. Kacang kawak, dhele iwak,wong liya dadia sanak, wong adoh dadia cedhak, ngastiti, ngati-ati, werdi,dadi. Risang abagus wus sumadhiya angupaya sandhang miwah boga kacekapaningkulawarga. Satemah kulawarga datan kacingkrangan, sukur bage pinaringankasugihan.
                Asiling guna tampa kaya, arsakatitipaken dhumatang ingkang ibu, nun inggih ibu Sri Dewi satunggalingwanodyagung ingkang pinitados mring risang penganten sarimbit kinen rumeksaasiling guna tampa kaya.
                Paripurna sowan ingkang ibu,penganten sarimbit wangsul wonten ing sasana sakawit, arsa nindakaken dhaharklimah. Risang abagus ngepel-ngepel sekul jenar. Kalamun taksih wujud wos,kumepyur, parandene ingolah sarta kinepel dening penganten kakung manunggaldadya sawiji. Pratandhane risang penganten manunggalaken gumolonging tekaddenira arsa hamangun brayat. Setunggal baka setunggal, sekul kang kinepel risangabagus kadhahar risang ahayu sarwi lawuh ati antep. Maknanipun bilih pengantensarimbit sampun mantep ing nala anggenira dhaup palakrama arsa mangun balewisma.
                Ngunjuk toya wening, maknanebilih salwiring kandha sarta solah bawa arsa kapenggalih kanthi weninging nala.Satemah datan damel seriking asanes, tansah karyenak tyasing sasama.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar