Kamis, 13 Mei 2010

Sekar Pangkur

Gya angungkur ing kadonyan
Datan kengguh alungguh alaning pakarti
Kesusu melik amuluk
Malak sabarang warna
Anggayuh barang melok jinaluk muluk
Tan malak melok muluka
Wusanane melik-melik

Gumarenggeng tanpa guna
Abyor momyor ginelar angambar-ambari
Ambyar ambabar kang pengung
Yektiku nggenthong umos
Galeyah-galeyah njerbabah tan kengguh
Hengedangkrang sila tumpang
Kuciwane tanpa isi

Sinawung kang dadi adat
Lagak lagu lagon lelageyan pakarti
Sumesep angga nireku
Salajeng trusing manah
Yen rinasa sayekti tan dadi luhur
Yen rinacut datan bisa
Tan pantes den tuladhani

Lhah mangkono kala wau
Mangka ta jer tinulad marang kang sayekti
Dadyo mongkoging tyas iku
Lir sinubya ing karsa
Ayem tentrem tan kemrangsang angurung
Kemrungsung angarah prana
Anggatra luhuring budi

kacorek:
Tiyang Sudra, Arief Rahmawan.
Rinakit Pinangka Pepemut ing sudung Ngarifan kanthi sengkalan "Hawa Muluk Rinegem ing Asta"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar