Jumat, 03 September 2010

Wanita Jawa: Bebasan Warangkaning Curiga

Megatruh
sigra milir sang gethek sinangga bajul
kawan dasa kang njageni
ing ngarsa miwah ing pungkur
tanapi ing kanan kering
sang gethek lampahnyo alon
Sapada tembang macapat ing dhuwur iku ngelingake marang salah sawijining cerita sejarah Joko tingkir. Ananging ana uga kang amaknani gegambaraning pawongan kang katemben saresmi. Miwiti babagan titahing Gusti kang asipat pawestri, makna kang kapindho iku bisa pinangka lelandhesan. Kagambarake menawa pasemone uwong kang saresmi iku kadya gethek kang singangga bajul. Gethek mau pralambange wong priya dene bajul iku wanita. Dene kawan dasa iku pralambang cacahe driji pawongan sakloron.
Sarehne iku, tembung sinangga tartamtu ateges menawa wanita kang kagambarake pinangka bajul iku mapan ana ing mangisor. Makna iku ateges menawa derajating wanita iku dumunung ana ing sakngisore uwong lanang. Ing kene wanita Jawa jaman semana amung pinangka sesandhanganing priya.
Ing kabudayan Jawi akeh pasemon kang gambarake jejering wanita. Salah sawijining yaitu wanita kang kapapanake ana ing kering. Nalika jejer sumandhing kalawan garwa, wanita tamtu kapapanake ana ing sakiwane kakunge. Iku mengku teges menawa wanita pinangka pekiwan priya. Pekiwan ateges sakabehing karyane amung ing kiwa, kaya dene tembung 3 M (macak, masak kalawan manak).
Ing serat Centhini ana uga gegambaraning jejering wanita kang dipojokake. Piwulange Nyi Hartati kang tumanduk marang putrane Rancangkapti ing babagan kuwajibane wanita kang dipasemonake kadya lima driji. Jempol ateges wanita kudu pol ing tyas utawi pasrah sumarah mring kakunge. Panuduh ateges menawa wanita nora kena mlengos ing tudhung kakung (dawuhe kakunge) dene panunggul ateges wanita kudu bisa njaga kaluhurane kakunge. Driji manis ateges wanita kudu tansah agawe mongkog lan mareming kakunge kanthi manis ing saksolah bawane. Kang pungkasan, jejenthik wanita uga kudu bisa athikan ing sakbarang gawe mrih gawe mareming kakunge (Hadiwidjaja lan Kamajaya 1979). Kang mangkono mau wanita ingaranan multibeban. Dene beban iku kadhang ora tulus saktrusing bathin ananging seneng ora seneng kudu seneng.
Kadya wanita ing jaman saiki, akeh wanita kang duwe kuwajiban abot. Ana kang kudu golek pangupa jiwa durung maneh ngrumat anak lan ngabekti mring kakunge. Iku jejering wanita Jawa. Mula saka iku, uwong Jawa ora nganut sistem matrilineal ananging patrilineal.
Sejatine jejering wanita Jawa ora kandheg ing kono. Ing bebrayan agung wanita kudu bisa ngrangkani lan sejajar kalawan priya. Upama kagambarake kadya curiga kang manjing warangka. Iku ateges menawa loro-lorone duweni tugas lan kuwajibane dhewe-dhewe. Wanita kang dadi warangka kudu bisa ngrangkani sakabehing kekarepane curiga utawa priya. Ngrangkani ora ateges nyembadhani utawa nyarujuki kabeh kekarepane curiga. Ananging kudu bisa dadi tetimbanganing priya.

Nyawiji lan Ngabekti
Gegambaraning wanita ing jagad pawayangan ana kang pinangka tepa tuladhan. Ing antarane Dewi Banowati kalawan Dewi Setyawati, Sinta utawa Madrim. Dewi Banowati kang kagambarake kasulistyaning warna bebasan tanpa cacat ananging awatak ora becik. Dene katelune kang pungkasan mujudake wanodya kang awatak becik, andhap asor lan prasetya mring kakunge.
Kadi dene kang wus diaturake, wanita kudu nyawiji dadi warangka kang ngrangkani curigane. Sinta dan Madrim wani pati obong kang ateges setya nyawiji marang kakunge. Sakliyane iku, wanita uga kudu ngabekti marang wong lanang nora amung pinangka gegenep utawa sakngisore wong lanang. Ing Serat Candrarini, wanita duwe 9 kuwajiban yaiku, prasetya, kinarilan yen dimaru, tresna sih mring sasama, trampil ing sakabehing samubarang, pinter macak, prasaja, pinter leladhi, tresna marang maratua, lan seneng maca buku kang ngemot piwulang becik.
Wanita uga mujudake bageyan kaluhurane priya. Uwong diarani mulya menawa wus darbeki bandha, wanita, turangga, kukila klawan wisma. Iku mengku teges menawa wanita pinangka ukurane kaluhurane priya Jawa. Priya Jawa handuweni tetembungan utawa sesanti sadumuk bathuk senyari bumi nalika mbelani marang sisihane. Iku ateges menawa wanita uga darbe kalungguhan penting utawa bageyane wong lanang. Ana uga jarwa dhosok garwa, sigaraning nyawa. Wanita dadi separoning nyawane
Ing kene, bisa kaandharake menawa wanita miturut pamawas Jawa ora amung dadi gegenepane wong lanang. Wanita sejajar marang priya. Kaya dene ana padhang ana peteng, ana wadon ana lanang kang sejajar ora duweni tetingkatan.

1 komentar:

  1. hadeh mas Shidiq ini mengapa tidak sesuai dg namanya yak???namane shidiq yg berrati jujur tetapi tdk jujur.. kok mosting karya orang tapi tdk disebutkan sumbernya...... gmn nih tanggung jwb intelektualnya??????

    BalasHapus