Kamis, 12 Mei 2011

Transkrip "Lajang Sri Djuwita"

[26] ...kara lelara, Suwe-suwe omong dhukun kang pinter lan mandi, Banjur bab tumbal srana, Bab wong amek kasugihan, Maguru kadigdayan, Utawa golek-golek panglarisan, Dadi yen panuju gelem omong-omongan apa kang diomong ora migunani, Malah menawa dirungu bocah bisa uga ambilaheni. Sebab ngrusak pikiraning bocah.
Wong wadon menawa pinuju rerasan kena kapesthekake mung ngrembug pangan, Banjur ngrasani kang lanang, wong kang wis duwe mantu iya ngrasani mantu lan besane, utawa maneh sok ngomongake pagaweyane dhewe ing sadina-dina, Wusanane dalah wadine diomongake kabeh. Lhah anake wadon lha pa ora bakal tiru kaya mangkono?
Caraning desa yen arep ngomah-omahake anake, ora merloka-
[27] ke nari marang bocah, gelem lan orane, apa dene ora dipikir supaya ing tembe raket rukun ing nggone bebrayan. Nanging kang diemanake banget mung petungan, wiwite wong tuwane bocah lanang duwe panembung marang wong tuwane bocah wadon anjaluk amake wadon kang jenenge si anu, arep diomahake anake aran si anu. Menawa kapanujon ing ati., wong tuwane bocah wadon banjur takon wetone calon panganten lanang, sarta banjur dietungi. Sanajan bocah lanang mau ing ngatase sapabesan wis kalebu monjo kapinterane, pethel ing gawe lan warnane lumrah, yen petungane tinebu ala, wong tuwaning bocah wadon iya nampik, dadi watek , panguripan, rupa lan liya-liyane kang munpangati ing ngatase wong bebrayan ora patiya dipikir. Bodhoa, alaa, angger
[28] tibaning petungan becik, iya klakon dijodhokake. Bocah wadon kang isih cilik, lagi umur 9 utawa 10 tahun, uga ana kang wis didadekake panganten, si bocah durung ngreti apa-apa, isih dolan wae, iku saking kasusuningwong tuwa. Mumpung bisa ngragadi utawa mung prelu melik sumbangan, awit wis akeh enggone nyumbang mrana-mrana durung tau genti disumbang.
BOCAH WADON KANG WIS OMAH-OMAH
Sawise dadi penganten, kurang luwih saminggu lanang wadon isih manggon dadi siji karo wong tuwane, penganten wadon, banjur ngalih menyang omahe wong tuwane penganten lanang. Sabakdane iku ana kang terus melu maratuwa nganti sawatara lawase, wusanane banjur omah dhewe, wiwit itu kepriye kaha-
[29] nane penganten wadon, ing salawase kena diarani mardika, lan tansah momoran karo wong kang wis dikulinane, yaiku napa biyung lan sanak sedulure, saiki kumpul karo wong liya kang durung tahu disumurupi, watek-wateke utawa kekarepane, mangka wong mau kang bakal marentah marang dheweke. Mulane yeng durung lawas ngadat pikire sing wadon durung jenjem, kaya-kaya ora krasan manggon dhewe, seneng kumpul wong tuwane wae. Apa maneh mikir endi kang prelu dilakoni ana ing omah, iku banjur sangsaya bingung. Ewadene ati putek mau bisa kaslamur utawa ilang, amarga adat kalumrahane, menawa durung lawas dadi panganten iku prasasat isih diemong dening wong tuwane, kongsi sesasi rong sasi durung diiri pagaweyan, pangane direngga, sabendina mung kloyang-kloyong wae, tilik menyang wong tu-
[30] wa-tuwane utawa sanak kadange, lungane sakloron, lawas-lawas rikuh lan wedi ning wong wadon bisa ilang. Dadi wanuh becik kaya sadulur.
Wiwit semana kang lanang iya wis gelem marentah marang kang wadone, bab anjaluk laden utawa liyane. Kang wadon wiwit amanut lan anjaga wong lanang. Sakarone padha mong kinemong akanthi sabaring ati, lawas-lawas dadi kulina. Yen wis mangkono, iku kang banjur akeh pangkalan utawa alangane, andadekake ora lestari. Menawa wis bebojowan, lanang wadon wis mesthi weruh marang bebudene, ing kala mangsane kang lanang luput, sing wadon wani nutuh lan ngumpah-umpah, luwih maneh menawa wong wadon kang luput, ora saranta, kang lanang banjur nglabrag wani. Yen wis tau padu sepisan, adat ora bisa mari, naning malah andadi. Saya lawas sa-
[31] ya pingget atine, wusanane cecongkrahan, dadi pegatan, wong wadon iku dadi wajibing wong lanang, mulane yen wis duwe bojo, saking ngadi-adi lan kaderenge, kawetu panjaluke marang sing lanang, arupa sandhangan, rerengganing panganggo, utawa prabot paturon, wusana kang lanang ora bisa nuruti, dadi wong wadon pingget atine, anjalari weyaning leladen, kang lanang sumurup sudane bektining wong wadon, ora kanthi dinalar dhisik banjur srengen, saka dhadhakan mangkana wusanane banjur angambra-ambra, ilang katresnane lan rukune, dadi pepisahan, sawenehing wong laki rabi, ana kang pancen satemene seneng marang bojone, enggone gelem, nglakoni mung saka dipeksa dening wong tuwa. Kang mangkono iku wiwit kumpul wis ora dhemen, sabanjure tansah luru-luru-
[32] dhadhakan, amurih bisane pepisahan, mulane iya kelakon.
Aliya saka kang kang kacaritakake mau, isih akeh alangane wong salaki rabi, kayata; merga saka ngrembug barang remeh dadi kliru tampa, ana kang sabab sing lanang royal, ana maneh sabab sing wadon katarka laku ngiwa, lan liya-liyane. Sakwise kelakon pegatan, kang kerep dadi rasan ala mung bocah wadon, luwih-luwih menawa nganti laki ping pindho ping telu isih pegatan maneh, sangsaya dadi pocapan, ana sawenehing wong jejodhowan, salawase tansah raket rukun, iya lumrah ing ngatase leladen lan kekumpulan iku ana kaluputane, nanging mung sawetara, lan ora dadi nepsune salah siji. Ewa semono iya bisa kelakon, amarga ana kalane maratuwane ora se-
[33] neng marang mantune, anake kerep diicuk-icuk mungsuh amarang bojone, lan disumurupake utawa dijak ngrasani alaning bojone mau. Sanajan pambujuk iku wiwitane ora migunani, nanging saking tlatene busuking anake ing wekasan kalakon sedyane si tuwa. Malah saking selak kesusune ora seneng marang mantune, anake sanalika dipeksa pisah akaro bojo, dikon manggon dadi siji maneh karo wong tuwane.
Lelakon mangkono iku kabeh, sanajan tetela ala, saru, rusak uripe, apa maneh gawe pituna, jalaran duwe gawe utawa pegatan iku kanthi wragat, ewadene akeh wong kang nglakoni. Malah ana salah sijining panggonan, wonge wadon meh ora ana kang omah-omah mung sepisan, apese ping pindho. Ana maneh kang omah-omah nganti ping nem, utawa ping pitu, yen pinikir kang satemene, kang kang padha pegatan mau iya nyata saru, ananging durung mesthi luput. Manut sesorah ing ngarep, sing bocah wadon suwitane wong lanang tanpa kapinteran, ora weruh kawajibaning wadon, sabarang kang disedya ora gelem dipenggak, cuwa lan jengkel menawa ora keturutan. Enggone ngladeni kang lanang mung disambi-sambi wae, awit ora weruh mesthine. Budine kasar, ora sabaran, lan ora bisa nahan hawa murkaning ati. Kang dadi bojone iya kaya mangkono, sebab iya ora pengajaran, senajan weruh bebudeni kang wadon kaya mangkono, ora bisa mulang utawa nenuntun amrih becike, malah dheweke animbangi brangasan. Sungkan kasoran, lan kudu arep ngepak marang kang wadon, ora kena(,) ora kumpule-
[35] mesthi tansah udur arebut bener. Sebab padha dene cotho panemu, ora bisa nimbang-nimbang, wong lanang tansah pegel andeleng kaliru lan luputing bojo. Anggepe wong lanang itu kuwasa, mangka sejatine ora dhenger mungguh wajibe mangku wong wadon. Karo-karone wis rumangsa bener, mulane ora ana kang gelem ngalah.
Kabeh mau mung saka lupute sing tuwa, sebab ora mulangake anake dhek cilik, ing samangsa anake wis tuwa padha nandhang kasusahan lan karusakan, ora ngemungake anake wae, saiki wong tuwane iya melu susah. Sakbodhon-bodhonane ya, yen anake wadon padha legan, wis mesthi dadi pikiran, samangsa, ana wong pegatan, sanajan ora sangkutan apa-apa, tangga-tanggane lan sadhengah kang weruh iya perlu mertakake, lan ngurus apa sa-....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar